CARIYOS KETHEK OGLENG

Tari Kethek Ogleng punika satunggaling tari ingkang nirokaken tingkahipun kethek.Ing laladan Kabupaten Wonogiri, tari punika sampun kondhang.Malah sampun kadhaku minangka tari asaling saking Wonogiri. Dene cariyosing tari punika kapendhet saking lelampahanipun Dewi Sekartaji kalihan Raden Panji Asmarabangun putra raja Kedhiri ingkang sami prasetya angrakit katresnan sarta gesang brebrayan sesarengan ngantos dumugining seda.
Kekajenganipun ingkang putra benten kalihan kersaning sang prabu Jenggala. Sang prabu kagungan kersa bilih Dewi Sekartaji badhe kadhaupaken kalihan priya pilihanipun sang prabu piyambak. Ananging sang dewi boten kersa anglampahi kados ingkang dipun kersakaken ingkang rama, pramila ing satunggaling dinten sang dewi lajeng jengkar saking praja. Tindakipun Dewi Sekartaji mangilen namung kadherekaken abdi kinasih. Kendhangipun sang dewi saking kadhaton ing dalu punika boten ingkang priksa.
Ejingipun kaputren geger jalaran sang dewi boten wonten ing kaputren. Kaputren geger, kadhaton geger, negari ugi geger.
Pawartos kendhagipun Dewi Sekartaji kapireng Raden Panji Asmarabangun.Pramila Raden Panji Asmarabangun nedya ngupadi kekasihipun punika.Saderengipun tindak, Raden Panji Asmarabangun pinarak ing dalemipun satunggaling padhita kanthi sedya nyuwun pitedah babagan icalipun Dewi Sekartaji. Dening sang pandhita, Raden Panji Asmarabangun dipun paringi pitedah supados tindak mangilen. Sang paji kaprayogekaken supados anamur laku minangka kethek.
Sang dewi jebul ugi anamur laku minangka lare dhusun ingkang peparab Endhang Rara Tompe.Lampahipun Endhang Rara Tompe munggah gunung mudhun jurang paribasanipun ngantos dumugi ing satunggaling dhusun.Inggih punikna dhusun Manahati.Ing dhusun mriku Endhang Rara Tompe lajeng dhedhepok.Sasaged-sagedipun, kanthi kabiyantu dening abdi kinasihipun dalah warga dhusun, Endhang Rara Tompe ngedegaken gubug.
Ing wana sacerakipun pondhok mriku wonten satunggaling kethek. Suwaunipun Endhang Rara Tompe ajrih kalihan si kethek ingkang agengipun meh sami kalihan manungsa tur saged tata jalma. Nanging danguning dangu, gadheng si kethek pranyata boten galak, malah kepara njalma, kekalihipun malah lajeng kekancan raket.Sianosa makaten, Dewi Sekartaji boten priksa sinten sejatosipun si kethek.Semanten ugi Raden Panji Asmarabangun boten priksa bilih sajatosipun Endhang Rara Tompe punika kekasih ingkang sadangunipun punika kaupadi.
Anggenipun kekancan saya raket, saya raket.Lajeng ing antawisipun Endhang Rara Tompe kalihan si kethek anglairaken uneg-uneging manahipun piyambak-piyambak.Wekdal punika ugi Endhang Rara Tompe lajeng badhar dados Dewi Sekartaji, sedheng si kethek badhar dados Raden Panji Asmarabangun. Pepanggihan punika andadosaken kekalihipun kebegan seneng lan trenyuh. Raosing manah kekalihipun kadidene kejugrugan seganten madu.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Arti / Isi dari Serat Wulangreh Pupuh Pangkur (1)

Arti / Isi dari Serat Wulangreh Pupuh Pangkur (2)